Ulang Taune Siska

Senajan wektu iki lagi akeh-akehe tugas saka Dosen, Siska isih tetep bisa mbagi wektune kanggo kuliyah lan uga kanggo melu kegiatan UKM. Siska iki salah sijine mahasiswa aktifis ing jurusane. Ya wajar yen saben dinane mesthi uripe ing kampus jarang manggon ana ing kostan. Awit saka SMP, Siska wus ndhuweni bakat acting sing ora ana tunggale, mula olehe Siska mlebu ana ing jurusan Basa Jawa iki dheweke kepengin ngembangke bakat lan kemampuane ana ing salah sawijining kegiatan UKM yaiku UKM kethoprak. Kethoprak ikulah sing njakari Siska dadi terkenal ana ing kampuse. Saben lewat ana ing ngendi bae yen ditumbuki karo junior mesthi Siska disapa kanthi sumringah. Awit junior iki padha kesengsem karo aktinge sing apik. Ing jaman saiki jarang ana mahasiswa sing kaya Siska awit kenya sing cerdas lan ayu iki bener-bener peduli karo kabudayaan jawa sing akeh-akehe nom-noman saiki wus padha nglaliake nanging luwih seneng karo kabudayaan manca sing sakjane ora genah. Nanging Siska iki tetep bae kekeh pendiriane anggone kepengin nguri-uri kabudayaane dhewe.

“Sis, sesuk dina rebo UKM kethoprak arep ana acara apresiasi nonton kethoprak bareng neng Solo, kowe mesthi kudu melu lan kanca-kanca liyane padha dikandhani ya?” kandhane Mbk Sukma sajak ndadak banget babarblas ora ana rencana sakdurunge.

“O.. ya Mbk! Lha kok ndadak banget ta Mbk kenopo gak awit wingi anggonmu ngandhani ta Mbk?”

“Ya sis soale aku dhewe ya lagi entuk surat undangan mau jam sewelas dadi saiki aku njaluk tulung karo kowe, kanca-kanca liyane dikoordinir ben isuk bisa mangkat bareng-bareng”.

Bengine Siska, Asih, lan Pepeng nganakake kumpul karo anggota kethoprak liyane saperlu kanggo ngrembug babagan apresiasi nonton bareng sesuk ana ing Solo. Kaya dene biasane yen arep latian kethoprak mesthi saben miwiti ana pemanasane, gandheng iki lagi ana acara sing luwih wigati, Pepeng langsung mbukak acara banjur langsung ngumumake acara apresiasi sing meh dianakake sesuk ning Solo. Bareng wus dirembug kabeh bebagan sing penting-penting akhire ngasilake keputusan yen esuk kabeh anggota ketoprak wajib melu ana acara apresiasi iku. Keperluan sing sakkirane dibutuhake wis dirembug lan kabeh anggota entuk tugas dhewe-dhewe kanggo nyiapake acara sesuk. Bareng wis clear kabeh anggone rerembugan sekitar jam sepuluhan acarane dibubarake.

*****

Esuk umun-umun Siska wis budreg gawe surat-surat peminjaman ini itu lan daftar presensi barang. mergane ana ing UKM kethoprak Siska ndhuweni jabatan dadi sekretaris, dadi gelem ora gelem Siska mesthi kudu gawe. Yen mung perkara nggawe surat utawa presensi ora dadi ngapa nanging sing dadi masalah iku yen nganti dheweke dikon nembusi Dosen wis paling wegah. Nanging Mbk Sukma iki sajake anehe banget wis ngerti yen siska iku paling wegah yen dikon nembusi Dosen eh ndilalah Siska ditugasi nyilih camdig kamangka sing sakmesthine paling ora-orane ya Siska kudu nembusi karo petugas TU. Untunge Siska wis akrab karo salah sijine petugas TU kang ana ing jurusane dadi anggone Siska arep nyilih camdig rada gampang ora usah nganggo syarat sing pirang-pirang mung cukup ninggalake KTM. Siska wis rada plong tugase wis clear.

Mbuh ora ngerti apa sing njalari Siska entuk tugas nganti rangkep-rangkep. Jam setengah siji Siska ketemu karo mbk sukma arep menehna camdig ndilalah siska dikon blanja keperluan konsumsi padahal yaw is dibagi ana seksi konsumsine barang nanging anehe kok Mbk Sukma iku ngongkone Siska. Siska nganti bingung dhewe arep nolak neng kepriye maneh kayane ya ora kepenak.

“Sis, piye camdige wis entuk apa durung?” pitakone Mbk Sukma.

“Wis mbk, ki tak gawa aku Mbk”.

“Ya wis mengko diwenehake karo Mas Dhoni bae soale aku bar iki ana kuliyah”.

“ya Mbk”.

“O iya sis aku njaluk tulung maneh ya, kowe wis gak ana kuliyah ta?”

“Tulung apa ta Mbk? Aku wis gak ana kuliyah Mbk”.

“Tulung kowe mengko blanja aqua karo snack nganggo sangu mengko yen mangkat, ki sekaliyan tak wenehi dhuwite nggo blanja”.

“O… iya mbk” bathinku rada nggrutu amarga aku awit isuk wis kerja pirang-pirang eh giliran aku meh leren sadhelo ndilalah dikon blanja.

Jam setengah telu siska wis rampung kabeh anggone nglakoni tugase karo nyelehake blanjaane ana ing UKM Siska sajak wis kesusu merga kanca-kancane sing liyane wis padha kumpul arep mangkat sawetara mung Siska dhewe sing durung adus lan durung nyiapake apa bae kanga rep digawa. Siska rada ora kepenak dhewe karo kanca-kancane amarga dheweke iku sing ngopyak-opyak kancane ben mangkate sing gasik neng nyatane malah Siskane dhewe sing ora tertib. Tanpa ngurangi rasa wibawane Siska langsung bae ngomong karo kanca-kancane kanggo izin mulih ing kostan sakslenteran adus, ganti pakaian langsung mangkat maneh ana ing UKM amarga wis dienteni karo kanca-kanca liyane. Ora let suwe, siska tekan UKM maneh. Anehe tekan UKM wis lagi kesusu-kesusune eh malah dikon nggawe presensi maneh padahal ya ana ing kono akeh wong kok ya pijer ndadak siska sing dadi sasarane. Bareng rampung nggawe daftar presensi siji-siji siska dikon ngabsen anggota kethoprak. Bubar iku esih ana maneh tugas yaiku njaluki iuran kanggo transport. Jan wis lengkap tenan tugase Siska dina iku nganti ora emut karo mangan.

*****

Bareng wis rampung kabeh ora let suwe bus sing wis diboking teka. Kanca-kanca enggal padha mlebu ning njero bus, Siska wis nubruk panggonan paling mburi dhewe pikire kareben dheweke bisa turu nyaman mengko yen ing perjalanan. Sakdurunge mangkat ora lali Pepeng mimpin donga kareben slamet nganti tekan tujuan.

Emang dasar Siska iku bocahe hiperaktif dadi ora bisa meneng sedhela bae senajan dheweke iku kesel ya tetep bae ora di rasakna. Ana ing perjalanan Siska hebring nembang-nembang karo gitaran rame-rame nganti swarane entek. Saking asike Siska nganti lali karo kesele. Sinambi leren siska nyeplusna sedotan ing aqua banjur mbukak jajan sing wis mbok gawa. Bareng wis enggal tekan ing Taman Budaya Surakarta siska rada meneng njagong. Siska ngrasa yen kanca-kancane kok sajak rada bedha. Jam enem thet bus’e wis tekan ing panggoanan sing dituju merga siska rada ngantuk dadi ora krasa yen wis tekan. Mudhun saka bus kanca-kanca kok malah padha nggremobol mencar dhewe-dhewe ana sing ngalor ana sing ngulon. Anehe kok ya ora padha ngejak saka bareng, siska mung meneng bae untunge ana Mas Kirun sing ngejak mlaku bareng banjur Siska dijaki maem karo mas kirun.

Acara apresiasi nonton kethoprakan bareng wis meh wiwit gendhing-gendhing pengrawit wis padha cumengkling wiwit muni nanging kanca-kanca kok durung padha katon, Siska mung karo Mas kirun. Age-age Siska mlebu menyang panggung terbuka sing kanggo pementasan. Sinambi nganter kanca-kancane Siska ndelok-ndelok buku ning bakul sing padha dodolan ing pinggir dalan karo ethok-ethok maca nganggo suwe-suwe.

“Mas, kanca-kanca liyane sih padha ning ngendi ta ?” celathune Siska wis ngrasa BT amarga ditinggal dening kanca-kancane.

“Mbuh aku ya ora ngerti ogh dek, mau sih ngomonge arep padha sholat dhisik tapi kok ya suwe banget rak padha katon ieg”.

“Aja-aja padha kesasar Mas ?”

“Lha kae lho dek, rombongane Mbk Sukma gek padha mrene”.

“Endi ta Mas?”

“Iku lho sisih kulon wis padha njagong ning ngarepan, Ayo padha nggabung rono”.

“Yo Mas”.

Siska langsung nggabung karo kanca-kancane nanging anehe kok ya kancane mung padha ngenengake bae ora ana sing nyapa, Siska dadi ilfeel dhewe karo mikir apa ana sing salah yak ok sajake padha bedha kabeh karo aku.

“Tem, kowe padha saka ngendi ta ? kok awit mau aku nggoleki padha gak ana sih”. Pitakone Siska marang kanca-kancane sing lagi padha njagong nonton pertunjukan.

“Ora ning ngendi-ngendi ogh… dhewe kana wit mau wis njagong ning kene ya…?” Omonge Leni sajak cuek banget Siska malah dadi saya ilfeel karo cah-cah.

Olehe Siska nonton kethoprakan ing kono mung meneng karo ngotak-ngatik dolanan HP. Siska dadi bingung dhewe ana apa ta sing sebenere? Kok bisa dadi padha bedha kabeh. Saya wengi tontonane saya rame nanging Siska wis ora semangat maneh ora kaya lagi ning bus cumrewet swarane, mergane yaw is kengantuken lan kesel barang. Kira-kira jam sewelas tontonane wis rampung bocah-bocah padha menyat anuju marang parkiran bus. Siska boro-boro disapa nanging dheweke ora peduli melu-melu nuntuti neng mburine. Bareng wis padha mlebu ning bus, kabeh padha diabsen siji-siji banjur langsung mulih ana ing Semarang.

*****

Ora kaya lagi mangkate, bareng mulihe Siska wis katon kesel banget. Ana ing bus Siska keturon. Krungu HP’ne muni Siska mbok gligut melek karo goleki HP’ne.

“Halo… Assalamualaikum “. Swarane Siska wis nggrayang kengantuken.

“Walaikumsallam…” wangsulane Adit.

“Apa kowe wis turu Sis?”

“Durung Dit, Aku gek ning perjalanan arep mulih ing Semarang”.

“Lho jam yahmene kok tembe mulih, sakax ngendi tae mange?”

“Aku saka Solo Dit, ana perlu apa ta Dit wengi-wengi ngene kok nelpon mbok sesuk bae piye soale Aku wis ora bisa connect ki.”

“Aku pengine saiki bae ogh Sis”.

“Ana apa ta Dit emange kok kaya penting banget?”

“Selamat Ulang Taun ya Sis, muga diparingi umur kang dhawa”. (Siska langsung bregas karo kaget)

“Wach makasih ya Dit”.

“Ya padha-padha Sis, Yow is dilanjut bae perjalanane sing nhati-ati. Aku tak turu dhisik. Assalamualaikum …”

“Walaikumsallam…”

Siska dadi kelingan kadadean sing wis-wis, apa bener yen kanca-kancane iku padha ngenengna amarga meh padha ngerjani apa piye? Jalaran lagi iki Siska ngrasa diadohi saka kancane padahal biasane ya padha apik-apik bae. Ora mung iku bae olehe Siska entuk tugas ya nganti nrithil pirang-pirang. Bareng pikirane Siska rada buyar bus kang ditumpaki kok krasane ora kepenak bedhigal-bedhigul banjur si sopir mudun, bareng ditileki jebule ban’e kemps. Untunge neng ngarepan ana bengkel sing esih buka dadi langsung bae dibeneri. Ora suwe olehe mbeneri wis rampung langsung si sopir nglanjutna perjalanane. Gandheng Siska wis ngrasa ngantuk banget, ana ing bus Siska turu maneh jalaran perjalanane esih adoh barang.

Jam setengah papat bus’e wis tekan ing kampus. Amarga Siska keturon dadi ora krasa yen wis tekan. Siska sajak kaya prasasat amarga ditangiake dening kancane. Bareng tangi kanca-kancane wis padha mudun kabeh mung wong telu sing esih ning njero bus. Siska langsung mudun karo rada-rada sempoyongan bareng tembe mlaku tekan lawange bus saka mburi Siska digebyur banyu dening Mas Iqbal sawetara kanca-kanca liyane wis padha nyambut Siska karo nggawa Blackflorest sing wis ana liline kanthi tinuncleb angka sewelas kang ngglambangake tanggal laire Siska. Siska kaget karo medegeg matane esih kriyep-kriyep bareng wis digebyur maneh Siska wis bisa melek bening. Bareng kanca-kancane wis padha rampung nyanyiake lagu Selamat ulang taun Siska dikon niyup lilin banjur motong Blackflorest sing wis ditukokake dening kancane. Bubar iku Siska bola-bali digebyur banyu dening kanca-kancane nganti klambine teles klebes. Untunge ana Mira sing gelem nyilihi jaket nanging ya esih tetep bae kademen nganti awake Siska ndledeg merga wektune yaw is isuk-isuk barang mangka hawane ya lagi adem-ademe.

*****

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More