Demo Seragam

“Aku ya sarujuk karo kekarepane bocah-bocah, nanging kepriye maneh…” grengenge Prof. Sudijono karo nyawang spanduk-spanduk sing pating slebar ana ing sadawane dalan cedhak kantore. Pancen ora enteng yen dadi pemimpin iku, apa maneh dadi pemimpin ana ing pawiyatan luhur kudu bisa ngadepi masalah-masalah sing abot lan rumit. Kamangka sing kudune bocah-bocah lagi anteng sinau malah banjur ngusung-ngusung spanduk, bengok-bengok, ngobong awak ing sakturute dalan nganti tekan latar Rektorat.

“Seragam No… Hidup Kebebasan…Seragam No….Hidup Kebebasan….”

“Seragam boten mawonlah…….” Mangkono tulisan ana ing spanduk-spanduk lan sapanunggalane, kabeh Mahasiswa saka pirang-pirang Fakultas padha bengak-bengok.

*****

Prof. Sudijono katon saya abang pasuryane nalika pirsa karo satpam kang jaga ana ing Rektorat, yen dina iku mahasiswane lagi padha nggelar demo kepengin ketemu lan ngajak rerembugan kenapa sebabe kok ana peraturan nganggo seragam. Kamangka sing jenenge Mahasiswa iku ya siswa sing wis gedhe-gedhe ora kaya bocah SMA maneh sing saben dinane kudu nganggo seragam. Wektu iku uga sakjabaning kantor, puluhan nganti atusan Mahasiswa kang padha demo wis ora sranta selak kepengin ketemu karo leluhuring kampus yaiku Prof. Dr. H. Sudijono Sastroatmodjo, M. Si kuwi. Ana wong papat sing siji wadon metu saka kantor Rektorat banjur nyedhaki barisaning satpam kang lagi jaga siaga tata, sajake padha nggenahake gawe kasarujukan bareng kareben bisa di usulake ana ing kantor Rektorat.

Ora suwe Prof. Sudijono paring ngendhika babagan Penolakan Seragam tumrap Mahasiswa anyar khususe. Nanging ya hasile kuwi mau esih di tangguhke dening pihak Rektor amarga esih dadi bahan perbincangan para Dosen.

“Seragam No…. Hidup Kebebasan” yel-yel iku esih kumandang senajan Pak Rektor wis lunga saka pelataran Rektor.

Prof. Sudijono mung gedheg-gedheg sajak gumun weruh Mahasiswane sing padha anarkis nolak seragam. Sejatine seragam kuwi ya pancen ora pantes diterapake tumrap Mahasiswa anyar apamaneh Mahasiswa lawas barang. Sakbubare iku Prof. Sudijono urun rembug karo jajarane bebagan penolakan seragam iki.

“Kepriye Pak, Bu, anggone ngatasi bebagan Seragam kang akeh ngundang kontropersi tumrap para Mahasiswa iki?” pambukane Pak Rektor marang jajaran sing liyane.

“ Yen miturut panemu kula, luwih becik yen SK ngenani pemberlakuan seragam kuwi di cabut mawon Pak”. Usulane Pak. Masrukhi selaku Pembantu Rektor ana ing Bidang Kemahasiswaan.

“Ya kula nggih sarujuk yen SK kuwi di cabut iki ateges Mahasiswa wis ora bakalan demo-demo kaya sing wis-wis maneh”. Panemune salah sijine Perwakilan Dosen saka FBS.

“Ya yen mangkono sing dadi dalan kang becik saiki uga SK Pemberlakuan Seragam kuwi mau tak cabut kanthi panemu kang becik muga-muga bisa dadi kabar kang apik kanggo Para Mahasiswa anyar khususe”. Pangandhikane Pak Rektor ing wusanane rapat.

*****

Dina senin dina kang wis di temtokake Prof. Sudijono kanggo ketemu langsung karo Para Dekan saben Fakultas. Ora ketinggalan uga ngundang Perwakilan Mahasiswa kanggo nyekseni yen SK seragam iku mau di cabut. Keprungu kabar kang kaya mangkono Mahasiswa banjur padha jimprakan seneng kabeh.

*****

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More