Turkinah

Kukkuuuklurukkk kukuklurukkk……….

Swarane jago wis padha sautan ing tengahing kampung cilik kang sepi nyenyet, pratandha wayah subuh enggal tekan. Turkinah tangi mancal kemul, nggawa anduk mlebu menyang kolah sawetara Ibune wis adus dhisiki. Kaya biasane Turkinah karo Ibune subuhan ana ing Mushola cedhak omahe. Wis telung dina iki Turkinah lagi ujian mula saben esuk mesthi Turkinah sinau kareben bisa ngerjakake soal-soal kanthi bener. Sadurunge Turkinah mangkat ana sekolahan, Ibune ora lali ngelingake sarapan mergane kanggo ngisi weteng kareben pikiran uga bisa jalan.

“Kinah, aja lali neg arep mangkat sarapan dhisik”

“Nggih Ibu….”

Jam enem Turkinah wis tata-tata arep mangkat banjur pamitan karo Ibune.

“Bu, kinah pangkat rumiyin nyuwun pandonganipun”

“Ya nduk sing ngati-ati….”

Let setengah wulan Turkinah entuk pengumuman yen dheweke lulus ujian kanthi piji sing memuaskan. Nanging sing disayangake dheweke ora bisa nerusake sekolah amarga Ibune ora mampu mbiyayani. Sakjane Turkinah iku pengin banget nerusake menyang SMA kaya kanca-kanca liyane, nanging kepriye maneh Turkinah mung bisa pasrah neg dheweke ora bisa sekolah maneh. Karo nggawa ijazah Turkinah mulih saka sekolahan banjur kandha karo Ibune menawa dheweke iku lulus kanthi nilai sing apik, Ibune seneng banget nanging sing gawe trenyuh Ibune ora bisa nyekolahake maneh amarga kahanane ora nyukupi nganggo mangan saben dina wae neg kecukupan wis utung apamaneh yen di tambahi mbiyayani sekolah SMA mesthi mbutuhake ragad sing ora sethithik. Sekolah SMP wae saking gratis lan Turkinah uga entuk beasiswa kamangka Bapake Turkinah uga uwis ora ana dadi Ibune mung dhewekan anggone golek dhuwit.

Kaya biasane senajan saiki Turkinah wis mari sekolah, nanging tetep wae tangine gasik. Saben esuk Turkinah mesthi reresik omah sawetara Ibune wis mangkat golek botol-botol bekas kanggo didaurulang. Turkinah wis ora betah dadi pengangguran ning omah, dheweke tau kandha karo Ibune kepengin kerja. Bareng ibune mulih Turkinah matur yen dheweke arep mangkat merbabu menyang kutha Surabaya.

“Bu, ngenjang Turkinah badhe pangkat merbabu wonten kutha Surabaya, kula suwun Ibu kersa ngijinake Turkinah nggih?”

“Lho kowe arep merbabu neng sapa?

“Apa ya ana wong sing gelem duwe babu kaya kowe?” wangsulane Ibune

“Kala wau nganu Bu wonten China lewat sawetara kula saweg nyapu wonten teras, China menika crita-crita kaliyan kula menawa dheweke saweg madosi babu lajeng langsung kemawon kula wangsuli menawa kula inggih purun dados babu, lajeng China menika enjang badhe methuk kula wonten mriki Bu.”

“Apa yak owe wis mantep tenan anggonmu arep merbabu neng China?”

“Inggih Bu kula sampun mantep amarga kula kepengin sanget mbiyantu Ibu”

“Yaw is neg ngono, ndang tata-tata disiapke nganggo sesuk”

Jam wolunan Turkinah keprungu ana swara mobil mandheg ing ngarep omah banjur dheweke metu mbuka lawang. Eh …. Jebul China wingi kae wis teka, sinambi Turkinah nimbali Ibune ing njero omah calon majikane iku wis ngenteni neng teras omahe.

“Bu, menika ingkang badhe dados majikan kula mangke” Celathune Turkinah marang Ibune banjur China lanang wadon iku omong-omongan karo Ibune Turkinah.

“Permisi Bu sampun ganggu, ndek wingi aku muter-muter ana ing desa iki saperlu golek babu kanggo neng omahku. Kebeneran aku ketemu karo anake sampeyan banjur kandha-kandha ndilalah anake sampeyan uga lagi goleki pagawean. Lha saiki aku arep methuk Turkinah kanggo dadi rayate aku, kepriye Bu?” Kandhane China iku marang Ibune Turkinah.

“Nggih menawi mekaten kula ijinake nanging kula dereng patek tega amarga Turkinah menika boten nate kerja wonten kutha Chi, pramila kula bener-bener nitip anak kula Turkinah menika kaliyan panjenengan.” Wangsulane Ibune Turkinah.

“Yo neg perkara iku gampang Bu rak usah mbok pikirke”

Turkinah wis siap-siap nyangking tas sing isine pakaian karo pamitan marang Ibune uga ora lali salaman banjur mlebu ana ing mobil. Sawise tekan ana ing omahe majikane, Turkinah sajak gumun amarga weruh omah sing banget guedhene. Ora antarane suwe Turkinah diceluki majikane arep di kenalake karo kulawargane banjur diterangake cara-carane wong kerja sing bener. Esuke Turkinah wis wiwit kerja kayadene kebiasaane sing dilakoni ning omah mung saiki rada ana bedhane.

*****

Ora krasa Turkinah wis rong wulan kerja mbabu, nganti seprene dheweke durung tau mulih omah sowan ibune. Asil kerjane dikirimake nganggo wesel kanggo mbantu kebutuhan ibune. Senajan ibune yo ora ngarep-arep asil kerjane Turkinah nanging Turkinah ngerti kaanan ngomah lan adhi-adhine sing isih cilik-cilik.

“Mbak Inah, sesuk anakku sing kuliah ana Amerika arep mulih tulung mbiyantu nyiapke jamuan kanggo syukuran yo!!” dhawuhe ndarane ing salah sawijining dina, ndarane kuwi pancen gemati tenan, dheweke nganggep Turkinah kaya kaluwargane dhewe.

“Inggih ndara, menapa kemawon ingkang kedah dipun siapaken?” wangsulane Turkinah alus.

“Mung nyiapke perabot wae karo ombenan, aku wis pesen katring dadi ora perlu masak”

“Inggih ndara, kok ketingalipun ndadak sanget to ndoro”

“Iya, Roger mau lagi wae tilpun yen arep mulih sesuk wong kuliahe yo pancen wis rampung”

“Oh..”

“Yo wis nek arep leren sek, ndelok praupanmu kok kayane kesel banget”

“Inggih ndara, maturnuwun”

Dina minggu kuwi omahe Pak Alvin katon ora kaya biasane akeh sanak family kang padha teka arep weruh lan ngucapke selamat kanggo den bagus Roger sing nembe wae mulih saka Amerika. Den Roger kae pancen wong pinter tenan nanging ora gumedhe, bisa kuliah nang Amerika kanthi beasiswa. Yo bener yen majikane bangga karo den Roger wis pinter gantheng maneh.

“Mbak Inah wis suwe to anggonmu ana ing omah kene?” pitakone Roger bubar acara syukuran sinambi ndelokake Turkinah resik-resik ruang tamu.

“Sampun kalih wulanan den” jawabe Turkinah rada isin karo majikan anyare iku.

“Oh..krasan to ana kene?”

“Inggih Alhamdulillah den..”

“Asalmu saka ngendi to?”

“Saking Wonogiri den, kula menika tiyang ndesa kok den”

“Alah…wong ndesa karo wong kutha lak yo padha wae to?”

“Nggih benten to den, wong ndesa menika cubluk boten ngertos napa-napa”

“Kuwi lak jaremu, nyatane kowe yo ayu ora kalah karo wong kutha ngono kok”

“Alah aden niku..”

“Ger, kae ana Angel jare arep ana perlu karo kowe!”ujug-ujug ibune nyela.

“Nggih bu, mbak Inah tak tinggal dhisik yo” pamite Roger.

Jebul sing dibayangke sakwene ora bener, dheweke bayangke yen majikane sing lagi mulih saka Amerika kuwi jahat kaya sing ning sinetron-sinetron kae. Beda karo kasunyatane Roger pancen wong pinter uga santun tenan, mula ora salah yen Turkinah nandang tresna karo ndarane sing siji kuwi. Nanging dheweke uga sadar yen dheweke kuwi ora bakal bisa, wong ya wis nyata-nyata yen pambeda Turkinah karo Roger kuwi kaya bumi karo Langit.

Kaya adat saben dinane yen esuk kaluwargane pak Alvin wis padha budhal kabeh, mung gari Turkinah sing tunggu omah gedhe kuwi. Sakbubare resik-resik omah lan masak Turkinah mlebu kamare kang mapan ana ing omah bagian buri amarga gaweane wis rampung. Ora let suwe ana swara PYAaarrrRR kaya gelas pecah, Turkinah banjur marani saka endi asal swara mau. Tekan pawon, asal swara mau kok ora ana apa-apa sepi, ya karuan la wong dheweke ning omah dhewekan batine Turkinah. Ujug-ujug ana tangan sing nutupi matane Turkinah saka buri, Turkinah rada ndredeg sapa sing wani kaya ngono “aja-aja ana penjahat mlebu” batine.

“Heh…sapa kowe?” bentak Turkinah karo rada ndredeg.

“Ora usah wedi..” jawabe wong mau.

“Culke apa ora?” Turkinah nantang.

Tangan mau banjur di buka, jebul kuwi tangane Roger. Turkinah isin campur seneng, tangane Roger saiki wis nyikep awake Turkinah, Turkinah saya ndredeg campur seneng. Awake Turkinah digerayangi banjur dibopong menyang kamare Roger. Ing kamare Roger, Turkinah digauli karo Roger. Turkinah seneng lan lila, rasa tresna lan urmat karo ndarane sing njalari Turkinah kaya mangkono.

Awit kadadean ora becik mau, Roger banjur kerep njaluk maneh karo Turkinah. Gelem ora gelem Turkinah nglakoake apa panjaluke ndarane. Dheweke mung lila legawa amarga dheweke ya tresna marang Roger.

*****

Ora kaya biasane Turkinah sore kuwi krasa mumet, wetenge kaya diudek-udek kepengen muntah rasane. Bareng wis dimuntahake matane krasa kunang-kunang kaya arep ambrug.

“Mbak..mbak Inah masuk angin?”pitakone Jen, adhine Roger.

Turkinah mung gedek, awake lemes kaya wayang kulit tanpa gapit.

“Tak keroki yo mbak?” Jen nglanjutake pitakone karo nuntun Turkinah menyang kamare.

Jen banjur njupuk minyak angin lan duwit krincing kanggo ngeroki Turkinah, karo ngandhani Turkinah aja ngaya-ngaya nek nyambut gawe.

Wis ana seminggu wetenge Turkinah krasa ora penak, malah saiki tambah aneh dheweke banjur seneng mangan pentil pelem. Nalika Roger kaya biasane nandangi kamare Turkinah, Turkinah crita apa sing dirasaake. Praupane Roger kaya kaget campur bingung bareng Turkinah crita kaya mangkono. Esuke dheweke ngajak Turkinah ana ing dokter.

“Slamet ya, pasangan enom sing gek seneng-senenge iki arep duwe keturunan”ngono tuture pak dokter marang Turkinah lan Roger sakbubare Turkinah dipriksa.

“Sampun wonten jabang bayi pak?” pitakone Roger rada ora kepenak.

“Iya bener le” jawabe pak dokter karo mesem.

Turkinah banjur ngerti yen dheweke meteng anake Roger, praupane Roger jan ora ana bungah-bungahe bali saka klinik. Turkinah seneng, dheweke duwe anak sing bapake priyayi sanajan Turkinah ya ngerti ora bakal bisa dheweke dadi sisihane Roger.

Pak Alvin lan bu Alvin durung ngerti yen Turkinah ngandut, sing ngerti namung Turkinah, Roger lan pak dokter. Kayata wis ngerti apa sing arep bakal dilakoni, Turkinah pasrah karo sing gawe urip. Dheweke sadar yen ora bakal bisa dadi sisihane Roger la wong Roger karo dheweke lak yo kaya bumi lan langit to.

Esuk-esuk Turkinah wis siap-siap nata barang-barange ning tas ransel gedhe. Turkinah arep mulih sowan marang wong tuwane lan arep nglalekake Roger sanajan dheweke wis ninggal jabang bayi ing wetenge. Dheweke wis mikir kaya mangkono mateng-mateng amarga upama dheweke tetep ning kene bakal lara ati sing arep dirasaake awit Roger kuwi wis dijodoake karo Angel.

“Pak,bu, kula nyuwun pamit badhe wangsul sowan dalem awit kok kula sampun setahun wonten mriki dereng nate wangsul” kandhane Turkinah marang majikane kebeneran dina kuwi Roger lan Jen lagi ora ana ngomah.

“Lho kok kesusu to mbak Inah?” pitakone bu Alvin kaget.

“Inggih bu, boten napa-napa to?”

“Iyo, nanging apa yo ora ngenteni Roger karo Jen?”

“Boten usah bu, wekas salam kemawon”

Sanajan lara nanging arep saya lara yen dheweke tetep nang omah gedong iki, ngono batine Turkinah bareng wis metu saka omahe pak Alvin. Pancen kaya ngene yen dadi wong cilik.

*****

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More