Udan Dadi Kenal

Dina selasa Lisa saka Lawangsewu saperlu kanggo observasi jalaran dheweke ditugasi ana neng kegiatan Pramuka dadi Tim Survei kanggo acara “Pelantikan Anggota Baru”. Sawise Lisa omong-omongan karo Petugas Lawangsewu dheweke ngejak kancane Rina jenenge, sing digoncengke bareng menyang Paragon.

“Rin piye neg awake dhewe dolan dhisik menyang Paragon jeng-jeng, mumpung observasine wis rampung”.

“Ayo Lis aku yo lagi pengin refreshing ogh…..” celathune Rina.

Banjur Lisa karo Rina nganggo helm, Lisa nyalakake sepeda motore sawetara Rina ngulungake dhuwit karcis parker. “Mangga Pak, Maturnuwun…..” celathune Lisa karo Rina marang Tukang Parkir. Rina karo Lisa mlaku tumuju Paragon sing jarake ora adoh saka Lawangsewu yen dieting kira-kira limang menitan.

“Lis helme di cantholna neng njero motor wae ngko ndak mbok ana sing jupuk”.

“ Iyo Rin”.

Bocah loro kuwi mlebu neng njero Paragon bingung meh tuku apa. Mergane padha-padha lagi ora dhuwe dhuwit jalaran wis tanggal tuwa during entuk kiriman saka ngomah. Nanging sakjane ya pengin ini, itu. Rina karo Lisa mung bisa ndeleng-ndeleng karo ngemek.

Wayahe wis sore, langite mendung sedhela maneh udane arep teka kamangka Lisa karo Rina esih seneng mubeng-mubeng esih durung puas anggone ndeleng-ndeleng klambi. Banjur Rina ngejak mulih. Metu saka parkiran kabute wis ireng banget gerimise wis padha netes kamangka neng motor ya rak ana jas udan mbarang, nekad Lisa karo Rina klebesan. Bareng tekan Sampangan mandheg sedhela ngiyup ana ngarep Salon. Ora krasa jebul hp’ne Rina teles merga ora didelah neng njero tas nanging untunge ora mati, bar hp’ne dibuka ora krasa ana sms saka kanca sakost’e jenenge Linda.

“Rin kowe ana ngendi?” pitakone sms saka Linda.

“Aku lagi ngiyup neng Sampangan Lin, ana apa to?” Balesane Rina.

“Iki lho Rin, kancaku ana sing arep kenalan karo kowe, kowe gelem apa ora tak kenalke?” jawabane Linda tanpa basa-basi.

“Yo mengko dhisik yo Lin aku esih neng dalan ki”.

Rina ng-iyani yen dheweke gelem dikenalke karo kancane Linda. Sawetara Rina karo Lisa iku posisine esih kejebak udan neng Sampangan ananging ana neng kostan Rina wis ditunggu Budi (kancane Linda sing arep dikenalke). Rina nyauti Lisa.

“Lis, piye neg diterusake mulih wae kayane udane awet mengko ndak selak ora tekan-tekan kostan?” omonge Rina marang Lisa padune dheweke wis ana sing ngenteni neng kostan.

“Yaw is Rin ayo…. Lagian iki yow is tanggung klambine teles ogh…..”

Bareng tekan kostan, Rina mudun saka motor mbuka helm lan jaket sing teles klebes. Ora sadar neg ing kursi tamu ana bocah lanang lagi lungguh omongan karo Linda. Linda nyeluki Rina.

“Rin saka endi to kowe?” pitakone Linda sajake katon basa-basi banget.

“Saka Lawangsewu” celathune Rina.

Budi ngematke Rina, Rina mlirik sedhela banjur mlebu ana kostan.

“Lis kono kowe ben adus sik iki sabune, aku tak gawe jahe anget sik, aku kanyepen ki,” celathune Rina.

“Ya Rin, Lha aku rak nggawa klambi, gantine piye?”

“Iku lho nganggo klambine aku dhisik jupuk wae neng lemari”.

Bubar nggawe jahe anget genten Rina adus banjur nyruput jahe anget sing wis digawe sawetara Budi esih ana ing ruang tamu karo Linda ngenteni Rina. Ora suwe Rina metu nemoni Budi mergane Linda wis sms wae awit mau Rina ngerasa ora kepenak. Budi kenalan karo Rina omong-omongan senajan mung sedhela amarga wayahe wis meh maghrib, Budi pamitan arep mulih.

Bengine Rina entuk sms saka nomer anyar,

“Rin aku wis tekan omah, iki nomerku (Budi) disave yo…”. Mangkono sms Budi.

“Yo Bud, Lha entuk nomerku saka endi ta?” pitakone Rina anggone mbalesi sms.

“Maaf sadurunge Rin, aku wis lancang njalok nomermu karo Linda, ora apa-apa ta?”

“Yo rak apa-apa kok”.

Rina metu saka kamar arep nonton TV ndilalah sing lagi nonton Linda, banjur Rina kandha karo Linda neg dheweke tembe wae sms’an karo Budi. Rina uga sajake pengin ngerti tentang Budi banjur takon-takon karo Linda.

Saiki Budi dadi kerep sms’an karo Rina malah uga kerep ngejak dolan nanging Rina kerep nolak mergane Rina durung patek kenal karo Budi. Dina minggu Rina d isms Budi arep dijak dolan menyang pemancingan. Kebeneran dina iku Rina rak ana acara dadi Rina gelem wae. Budi methuk Rina ana ing kostan banjur lunga ana ing pemancingan.

Sajake Budi iku dhuwe rasa karo Rina jalaran awit pertama kenalan tekan seprene sifate saya bedhani, sorot mripate ya katon bedha. Saksuwene telung sasi iki Budi karo Rina kerep dolan bareng. Saben wengi budi uga kerep ngejak Rina dinner bareng. Kebeneran wektu iku malem minggu Linda metu saka kostan ora sengaja numbuki Budi lagi ngapeli Rina. Banjur Linda nggonjaki bocah loro kuwi karo raine Rina rada merkabak isin-isin.

“Hayoo wis jadian ya? Kok ora kandha-kandha karo aku ta?” celathune Linda karo cekikan.

Rina dadi salah tingkah banjur Budi sing njawab.

“kowe lagi ngerti ta?”

“Lha wong kowe wae jadian ora ngomong-ngomong aku!

Ayo ndang mangkat mangan-mangan Bud?” celathune Linda karo guyon.

E… jebule salawase iki Budi bener-bener nyimpen rasa tenan karo Rina, Rina uga sebalike meneng-meneng tresna ta karo Budi.

*****

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More