Mung Ngapusi Aku

Wis limang dina Aku karo Bagas olehe dadian. Senajan esih sakumure jagung aku karo Bagas wis raket banget, neng endi-endi mesthi bareng terus. Saben aku meh mangkat kuliyah mesthi Bagas methuk marang kostan, banjur dianterke menyang kampus. Pancen sing jenenge wong kang lagi nandhang rasa tresna iku yen rong dina ora ketemu bae rasane kaya sewindhu. Mergane yen dina jumat-sabtu Bagas wis ora ana kuliyah kamangka aku dhewe esih semester telu dadi olehku mangkat kuliah mesthi dhewenan, aku sajak males bae ora semangat mangkat kuliyah rasane kayane ana sing kurang. Malem minggu sing kapisanan anggone Bagas arep kencan karo aku, sakdurunge Bagas wis janjian arep mara menyang kostan. Aku sajak seneng banget ora maido sing jenenge lagi berbunga-bunga. 

Srengengene wis wiwit surup wancine wis jam enem aku mlayu jupuk andhuk mlebu menyang kolah. Kamangka Bagas wis sms lagi arep perjalanan menyang kostan. Ora let suwe aku lagi adus lawang kamar mandine digubrak-gubrak Lilis.

“Aya… kowe digoleki Bagas iku ning ngarepan”.
“Hach…. Apa lis?” celathune aya sajak ora keprungu.
“Iku lho wis dienteni cowokmu ning ngarep kost”.
“Ya sik, aku gek mandi omongke kon lungguh sik sedhelo”.
Aku sajak kesusu anggone adus banjur mlayu menyang kamar nganggo klambi ora ketinggalan wedhakan karo parfuman. Bar iku aku langsung metu saka kamar nemoni Bagas.
“Wis suwe pa anggonmu ngenteni aku mas ?” pitakonku marang Mas Bagas.
“Ora ogh lagi wae aku teka, piye dek arep dolan ning endi ki enake?”
“Karepmu ta mas aku tak manut bae”.
“Kepriye neg muter-muter kota Semarang banjur mengko nongkrong ning Bukit Gombel ndeloki Pemandangan lampu-lampu sing padha jejer dek?” pangajake Bagas karo siap-siap ngadek.
“Ukey mas…”
“Ayo ndang mangkat dek”.
“Yam mas aku tak jupuk tas dhisik”.
Aku mlebu jupuk tas banjur pamitan pamitan karo wong kost neg aku arep lunga sawetara mas Bagas wis nyetater mobile. Bengi iki atiku rasane seneng banget bisa kencan karo Bagas. Ora krasa wancine wis setengah rolas nanging anehe kok ya mataku durung ngantuk biasane jam sanga bae aku wis turu. Ya ma’lum sing jenenge wong lagi seneng, Bagas uga ketone saying banget karo aku, aku dadi saya dimanja apa sing aku karepke mesthi mbok turuti kabeh. Saya bengi hawane saya adhem aku njaluk mulih banjur Bagas marker mobile. Tekan kostan jam rolas wengi aku langsung jupuk kunci sing tak gawa ana ing tas banjur mlebu ana kamar karo nyelehke tas aku langsung tepar mergane kesel nganti ana sms saka Bagas bae aku ora krungu.
Esuke aku digoncaki karo kanca-kanca kost, aku sajak isin-isin piye karo raiku rada abang mbrambang ning sakjane ya seneng sih.

“Hayoo… mau bengi bar ngapa wae karo Bagas?” omonge Ica karo goncaki aku, aku mung ngguya-ngguyu.
“Hee… mung muter-muter kok!”
“Muter-muter pa muter-muter???” ledhekane Ratih karo aku.
*****

Seminggu maneh perkuliyahane arep ana ujiyan semesteran kamangka tugas-tugasku saya akeh.iki sing njalari aku saya angel anggone ketemu karo Bagas, padahal Bagas wis bola-bali telpon, sms neg dheweke kangen karo aku pengin ketemu. Apa maneh mengko yen wis bar semesteran mesthi liburane suwe kamangka aku ya mesthi mudik ing Tegal. Dina rebo aku ora ana ujiyan Bagas ngajak aku dolan ana ing Tembalang. kaya dene biasane meh mangkat kuliyah, jam sanga Bagas wis tekan kostan jemput aku. Aku banjur lunga dolan karo Bagas.
“Dek kapan ujiyanmu rampunge?” pitakone Bagas sinambi nyetir mobil.
“Sesuk jumat Mas.” Jawabku.
“Lha awakmu arep mudik kapan?”
“Niatan aku arep mudik dina sabtu Mas mergane aku wis kangen karo omah”.
“Lho kok gasik banget Dek, aku kan ya esih pengin dikancani kowe ning kene, apa maneh liburane nganti sewulan aku mesthi bakalan kangen karo awakmu Dek”.
“Lha terus piye Mas? Aku wis janjian karo kancaku arep mulih bareng dina sabtu”.
“Kepriye yen kowe mulihe dina Selasa wae mengko tak anterke tekan stasiun Dek?”
Aku sajak bingung arep mulih dina sabtu apa dina selasa? Yen tak piker-pikir neg aku mulih dina sabtu iku tegese iki pertemuan aku sing pungkasan sakdurunge mulih sawetara aku ya mesthi bakalan kangen banget karo Bagas nangin aku uga wis janjian karo Falak arep ngebeng mulih bareng. Nanging yen aku mulih dina selasa aku esih ana wektu telung dina kanggo bareng-bareng karo Bagas nanging aku males yen aku mulih numpak sepur sawetara aku ya esih pengin karo Bagus. Aku krasa kaya ana getar saka HPku bareng tak bukak jebule ana sms saka Falak.
“Aya, aku ora sida mulih dina sabtu, sidane dina selasa amarga aku esih ana urusan karo Dosen. Piye kowe sida arep mulih bareng aku apa ora?” isine sms saka Falak aku sajak seneng, iku ateges aku esih dhuwe kesempatan kanggo ketemu karo Bagas banjur aku langsung mbalesi sms’e Falak.
“Owh karepku ya mulih selasa Lak jane aku meh sms kowe mau, aku ya esih ana urusan penting ogh…”
“Yaw is neg ngono dhewe sidane mulih dina selasa esuk wae ya?”
“Ukey ship Lak…”
Bar entuk sms saka Falak, aku banjur ngomong karo Bagas yen aku ora sida mulih dina sabtu. Mas Bagas keton seneng mangkono uga aku iki tegese aku esih bisa malem mingguan ning Semarang karo Bagas. Telung dina full aku dolan terus karo Bagas metu esuk mesthi mulihe wengi. Malem selasa kamangka malem terahiran neng aku mulih rada gasik ora kaya biasane mergane aku dikon istirahat Bagas mbokmenawa sesuk aku kawanan. Tekan kostan aku tata-tata kanggo persiapan esuk neg mudik, bar iku aku langsung turu.
*****
Jam enem Falak wis sms aku yen dheweke lagi siap-siap meh methuk menyang kostan. Aku rada gugup sinambi nganggo klambi aku mbalesi sms’e Falak banjur aku langsung nglipet sprei karo selimut tak klambrukan karo klambi-klambiku sing padha kotor banjur tak gawa ana tukang laundry. Bareng aku seko saka tukang laundry mbok methongol Falak teka banjur age-age jupuk tas karo ngunci lawang kamar langsung bae aku nyemplak gonceng Falak. Ana ing dalan aku pamitan karo Bagas lewat sms senajan aku ngerti yen aku sms esuk-esuk mesthi ora bakalan dibalesi mergane Bagas iku tangine awan apa maneh ora ana kuliyah nanging seorane aku wis ngandhani. Bareng tekan ing Kendal aku mandheg ana ing POM bensin, aku niliki HP eh ndilalah ana balesan saka Bagas.
“Sing ngati-ati ya Dek, mesthi kudu paring kabar terus karo aku, I miss u…..” mangkono sms’e Bagas sajak katon was-was karo aku nanging ora tak balesi maneh mergane aku ora kepenak karo Falak yen aku ning dalan sms’an bae mbok ganggu konsentrasine Falak sing lagi nyetir motor.
Tekan alun-alun Pemalang aku leren, Falak ngajak aku mangan kebeneran aku ya ngeleh. Aku dadi kelingan karo Bagas biasane saben esuk aku mesthi sarapan bareng. Aku sengaja ora ngabari Bagas yen aku lagi leren, nganti tekan omah aku tetep bae ora ngabari. Jam papat sore Bagas sms aku tekone ngene
“Dek, wis tekan omah apa durung? Kok ora ana kabar sih?
“Wis Mas, mau jam siji”.
“kok ora ngabari aku sih? Aku kan nunggu kabar saka kowe, aku ki kawatir karo kowe awit mau aku kepikiran terus”.
“Maaf mas mau aku tekan omah langsung keturon”.
“Yo wis neg ngono saiki kowe istirahat, sesuk-sesuk maneh aja diulangi kaya mangkene”.
*****
Saksuwene liburan ana ing omah aku wis ngrasa ora betah mergane yen ning omah aku ora dhuwe kanca, neg aku arep metu-metu ya hawane males bae. Apa maneh bocah lanang sing ana desa ku iku rese-rese ngku ndak aku mung digodhani yen ana ing dalan. Ora mung iku wae nanging yen ning omah uga ora bisa dolan-dolan bebas kaya ning kostan umpama jam papat durum mulih wae Ibuku mesthi wis tilpan-tilpun wae. Saya suwe aku ning omah kok aku ngrasane Bagas dadi bedha wae jarang sms aku, paling sedina sms’e mung ping pindho iku wae mung tekon wis maem apa durung senajan terahirane mesthi ngomonge kangen nanging hawane kok wis bedha wae ora kaya biasane. Aku sengaja ora bakalan sms dhisiki ben Bagas kelingan apa ora karo aku. Saka kene aku wis ngrasa aneh karo Bagas senajan saben telpon mesthi sing ditekonke kapan ning Semarang Dek aku wis kangen. Nanging saiki aku kok rada ora percaya karo Bagas ya ora kaya biyen-biyen. Saya suwe saya kangen karo Bagas jalaran saben Bagas sms mesthi ngomonge “Dek aku wis kangen ndanh ning Semarang”. Aku dadi pengin enggal-enggal mangkat ning Semarang. Tanggal telulikur perkuliyahane wis wiwit mlebu maneh, aku diajak mangkat bareng karo Adi (kanca sedesaku) nganggo motor. Aku ngomong karo Bagas yen aku arep mangkat dina Minggu karo Adi. Bagas ngijini aku nanging sajak rada-rada piye amarga aku sering goncengan karo cowok, nanging aku ya tetep wae kekeh arep mangkat karo Adi mergane aki ki males yen kudu numpak sepur jalaran sepure ki mesthi kebak, apa maneh yen usel-uselan.
Tekan kostan jam setengah papat, aku langsung ngabari Bagas. Bagas rada-rada curiga karo aku mbuh apa sing dicurigane aku ya ora ngerti. Bengine Bagas mara ana kostan, aku metu nanging atiku kok rasane cemas kaya ana sing ganjel pokokmen hawane k iwis bedha wae.
“Ana apa ta Dek, kowe ki saiki dadi bedha ta karo aku?” pitakone Mas Bagas karo ngaras rambutku.
“Ora apa-apa kok Mas!” jawabku rada sinis.
“Ora, kayane ki aku ngrasa kowe bedha wae, mbok diomongke ta Dek?”
“Ora apa-apa kok Mas aku lagi kesel bae”.
“Neg ngono saiki aku arep takon karo kowe, kena apa to kowe saiki kok langka sms aku dhisiki?”
“Ora ngapa-ngapa, aku wedi nganggu aktifitasmu sing lagi konsentrasi karo skripsi bae mas”
“Aku ora krasa diganggu kok dek, malah aku seneng yen kowe sms utawa tilpun aku” kandhane Bagas. Batinku isih rada ora percaya sajake omonge kaya nggombal, aku mung meneng bae. Banjur Bagas ngajak aku mudun ana ing taman sing biyasane kanggo tongkrongan karo aku sinambi mangan jagung bakar. Ana ing tongkrongan aku mung meneng bae sinambi mangan jagung bakar, dene Bagas sibuk karo hpne dhewe. Saya suwe aku dadi illfeel karo Bagas. Bareng HPne wis mulai meneng, dheweke banjur nyoba jupuk atiku sing lagi gundah, dheweke sok perhatian mijeti sikilku sing lagi kesel, nanging aku isih bae ngatonake polatan sing ora kepenak karo clangaban. Amarga wis ngantuk banget aku banjur ngajak mulih.
*****
Nalika aku ning omah, aku kerep ngerjani sms ora nggenah marang Bagas. Intine aku mung kepingin ngerti sejatine Bagas kuwi serius tenan pacaran karo aku apa ora. Di dhelok saka balesane yen tak kerjani, balesane kok mung sakperlune bae. Kebeneran Bagas ora mangerti nomerku sing XL. Suwe olehe aku ora ngerjani Bagas, banjur tak terusake nalika aku wis ana ing kostan. Saben aku bareng karo Bagas HPku sing XL ora pernah tak gawa, Bagas uga pernah ngomong karo aku yen dheweke iki lagi ana sing ngerjani ora jelas. Bathinku ngekek yen sing ngerjani iku aku dhewe nanging saiki aku lagi rada ora percaya karo Bagas. Wis suwe olehku ngerjani Bagas kayane saiki dadi saya panas. Saiki aku yen sms takone nrithil pirang-pirang nanging anehe kok ya dibalesi terus nganti saking kesele Bagas olehe ngrewes sms dheweke ngaku-ngaku yen wis dhuwe anak bojo mbbarang.
Aku dadi saya penasaran anggone ngerjani Bagas nganti saking mentoke Bagas meh ngomong apa maneh akhire Bagas ngomong sing sakjujure yen dheweke wis dhuwe tunangan lan arep nikah taun ngarep nanging hubungane iku longdistance jalaran ceweke iku ana ing Jakarta. Maca sms sing kaya mangkono atiku mbok teg rasane kaya diiris-iris, aku dadi ora pengin ngapa-apa sing ana mung rasa kuciwa sawetara Bagas esih durung ngerti yen sing ngerjani mau kabeh iku aku. Bengine aku esih sempet sms’an karo Bagas kaya biasane senajan atiku wis bener-bener mangkel banget nanging esih tak gawe biasa bae ben ora ngetoni yen sing ngerjani iku aku. Terahir balesan sms ku “aku gek sakit mas”. Banjur Bagas sok-sokan perhatian jare esuk meh nggawa aku ning Puskesmas nanging ora tak balesi maneh.
Aku wis dhuwe rencana mesthi esuk Bagas bakaln ning kostan nanging aku arep lunga saka kostan kareben dheweke nggoleki aku. Kebeneran dina iku aku arep jupuk servisan HP ning HT Centre karo Lilis. Kaya biasane yen arep methuk kuliyah jam pitu dheweke wis sms nanging babarblas ora tak balesi. Jane jupuk HP iku ya mung sedhelo, sawise iku aku karo Lilis muter-muter ning Paragon banjur ning DP Mall mung nganggo ngrifreshna pikiranku sing lagi semrawut. Sawetara Bagas awit mau k iwis telpan-telpon aku nanging ora tak angkat, pirang-pirang sms ya ora tak balesi banjur Bagas sms Lilis takon-takon aku ana ning ngendi. Nanging aku wis sepakatan karo Lilis yen Bagas sms aja mbok balesi. Aku sengaja meh mbalesi sms’e Bagas jam sijinan ethok-ethoke HPku ketinggalan ning kostan, bar iku aku meh njaluk putus karo Bagas.
“Maaf mas, aku bar ana urusan karo kancaku HPku ya ora tak gawa” balesanku sajak ngapusi banget.
“Kowe iki saka ngendi wae ta Dek? Awit mau aku ki khawatir karo kowe, ditelpon ora mbok angkat, disms ora mbok balesi. Karepmu iki apa ta?” Mas Bagas rada nesu karo aku.
“Tak tunggu ning ngarep Gerbang kampus Mas.” Balesanku tanpa basa-basi.
Ora let suwe ana mobil Jip silver mandheg, aku ngerti yen iku mesthi Bagas. Bagas mbuka jendela mobile aku langsung mara ana ing njero mobil sakjane awakku wis krasa ora kepenak lemes banget.
“Ya ampun Dek, kowe iki saka ngendi wae ta? Aku ki goleki kowe ning kostan tapi kok gak ana malah ana sing ngomong kowe lagi ning kampus tapi nyatane aku goleki ning kampus ya gak ana”. Celathune Bagas kaya curiga karo aku.
“Aku bar saka kuburan”.
“Lho ngapa ning kuburan?”
“Nenangke pikiranku sing lagi panas”.
“Jare mau bengi kowe sakit, sakit apa? Lho kok malah dolanan ning kuburan? Kowe iki aneh ogh Dek…”
“Sakit hati”. Jawabku sinis.
Bagas mung meneng ngrasa aku saiki dadi aneh langsung bae aku njaluk putus.
“Mas, apa bener kowe iki wis dhuwe tunangan lan arep nikah?” pitakonku sajak mangkel banget karo Mas Bagas.
“Tunangan? Nikah?” Mas Bagas kaget aku tekon kaya mangkono.
“Bukane aku iki pacare kowe Dek?” Karo rada salah tingkah piye wis katon neg saksuwene iki Mas Bagas mung ngapusi aku.
“Halah kowe ora usah ngapusi aku Mas, saiki aku wis ngerti kabeh sapa kowe sing sebenere Mas?”
(Mas Bagas mung meneng karo nyoba ngadhemke emosiku sing lagi nglunjak nanging aku tetep bae panggah )
“Kenapa meneng Mas? Ora bisa njawab ya?”
“Saiki karepmu piye Dek?” gombale mas Bagas metu.
“Saiki karepku kowe ngaku yen kowe bener wis dhuwe tunangan lan arep nikah?”
“Iku ora bener Dek, iku mung nganggo alesanku wae mergane aku ora seneng yen ana wong ngerjani aku banjur aku ngomong wae arep nikah”. Mas Bagas esih tetep bae ora gelem jujur karo aku.
“Halah kowe ki ora usah ngapusi Mas, saiki aku arep njaluk bubaran karo kowe Mas, aku emoh dadi penghalang hubungane wong liya”.
Akhire Bagas jujur ngomong kasunyatan sing sebenere karo njaluk ngapura marang aku. Atiku medhengkel sakkepel rasane campur adhuk pirang-pirang pengin nangis tapi tak empet-empet nanging seorane aku wis lega bisa ngrampungke masalah iki senajan keputusan iki gawe lara ning atiku.
“Dek, ngapurane sing akeh ya aku wis gawe salah marang kowe”.
“Ya”.
“Dek, senajan awake dhewe iki wis putus nanging aku njaluk kowe esih tetep komunikasi karo aku”.
(aku mung meneng karo manthuk banjur Mas Bagas nyauti).
“Yen kowe butuh apa-apa ngomong wae karo aku Dek, sebisa mungkin bakal tak bantu. Wis saiki ayo tak anterke mulih ning kostan”. Rayuane Mas Bagas nganggo ngadem-ademke aku, aku mung meneng wae.
Aku dianterke Bagas tekan kostan, mlebu kamar langsung nglambruk ning kasur karo senggruk-senggruk nangis nanging saiki rasane wis rada plong.
*****
Saiki swasanane wis bedha, olehku mangkat kuliyah ya mung dhewe. Senajan kadang ana sing ngajak bareng nanging seringe tak tolak. Aku esih durung ngerti kenapa ta tekan detik iki aku durung bisa nglaliake Bagas apa maneh yen aku weruh mobil Jip warna silver mesthi aku dadi saya kelingan karo Bagas. Ya arep kepriye maneh sing jenenge ora jodo, meh diapake bae ya aku tetep ora bisa. Jane aku ya seneng bisa dadi pacare Bagas saksuwene iki, sakliyane aku bisa urip makmur nanging aku uga ngrasane nyaman bae neg lunga-lunga karo Bagas. Nanging kasunyatane Bagas iku mung mempermainkan atiku.

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More