Pethakilan Girls

Ana kenya cacahe telu saka tlatah nagari ngapak Bahari. Ima, Nita, Dewi iku jenenge. Sakdurunge kuliyah ana ing salah sijine pawiyatan luhur ana ing kutha Semarang bocah telu iki pancen wis raket banget. Yen dolan-dolan mesthi bareng terus.

“Nit koen wingi gek ngerjakna soal SPMU pimen? Nyong tah kayong ora ketrima ndean soale nyong ora bisa ngerjakna wis kaya kuwe tempat tes’e nyong tah ora kepenak pisan, jagongane nglemprak kaya ning lapangan”. Ceritane Ima marang Nita.

“Lha nyong be padha bae koh Ma, koen nda ngerti dhewek ogh nyong njagonge ning mburimu Ma. Koen tah mending Ma bisa Matematika nyong bener-bener salahan kabeh angger tak bunderi sing penting rampung”.

“Ya berarti padha bae Nit, lah nyong tah mung bisa pasrah bae lah Nit yen ditrima ya syukur begjane nyong berarti, tapi yen ora ketrima ya berarti nyong gelem ora gelem kudu mlebu ning UPS Nit”.

“Nyong ya padha bae kaya koen Ma”.

Dewi ujug-ujug mbok methongol mudun saka motor nyedhaki Ima karo Nita.

“Woi bro lagi padha ngapa kyeh?” Celathune Dewi

“He ki gek mikirna ujian wingi ketrima mbuh ora kyeh nyong”. Kandhane Ima

“Hee nyong be wingi ora bisa ngerjakna tau wis padha donga bae sing akeh muga ditrima” Celathune Dewi.

“Saiki dari pada pusing mikire ditrima apa ora padha dolan bae yuh adus ning Guci?” Pangajake Nita marang Ima lan Dewi.

“Yuh….” Ima lan Dewi sarujuk karo pangajake Nita.

*****

Kurang limang dina maneh ana Pengumuman SPMU nanging Ima, Nita, lan Dewi esih tetep bae nyantai banget, babar pisan ora mikiri yen tah dheweke ditrima apa ora jalaran bocah telu kuwi wis pernah ora ketrima dadi uteke wis padha budreg. Sing ana malah mung dolan-dolan terus saben dina.

Dina senin tanggal 12 April, Ima, Nita, lan Dewi padha mlayu numpak motor menyang warnet kang ana ing Kecamatane. Ya ma’lum amarga bocah telu iki omahe ana ing Desa dadi durung ana warnet kang nancep ing cedhak panggonane dhewe-dhewe. Tekan warnet bae esih kudu ngantri sakdhawan-sakdhawan selak ora sranta nganti di tinggal tuku Mie Ayam sing wis dadi langganane bocah telu. Bareng marang warnet maneh wes ana sing kosong neng iku bae mung siji tok dadi olehe mbuka Pengumuman ya gentian siji-siji.

“Pimen kyeh sapa dhisit sing pan mbuka?” Pitakone Nita sing lagi ngoperasikna komputer.

“Ya wislah koen ndhisit bae koen sing ngadepi koh” Sambunge Ima.

“Ya wis koen ndhisit bae Nit gagian penasaran kyeh” sambunge Dewi.

“Emohlah nyong wedi Ndul mbokan ora ketrima, koen bae Ma sing ndhisiti?” Celathune Nita marang Ima.

“Halah ora usah wedi, Yaw is gagian di bukakna nggone nyong kyeh nomerake ujiane”. Ima menehi nomer ujiane karo Nita sakjerone atine wis deg-degan banget sajak wedi yen ora ketampa.

Bareng Ima miwiti mbukak, Nita lan Dewi dadi ora sabar pengin ngerti hasile. Ealah ternyata bocah telu kuwi ditrima kabeh ana ing Unnes. Saking bungahe lan ora percaya yen padha ketrima, Ima, Nita lan Dewi seneng banget telu-telune padha cemrewet dhewe-dhewe ora meduliake yen lagi ning warnet. Bareng sadar bocah telu iku banjur langsung mbayar, metu saka warnet langsung nancep motor mlayu menyang Guci. Tempat pariwisata cedhak omahe sing biasa nganggo mejeng. Ima, Nita lan Dewi banjur padha njebur adus bareng karo seru-seruan.

*****

Wektune wis enggal mlebu kuliyah nanging Ima lan Nita iku durung goleki kost-kostan. Bareng keprungu kabar yen Dewi wis entuk kostan akhire Ima lan Nita melu ngekost bareng karo Dewi. Pancen Ima lan Nita ki bocahe ora genah tenan, senajan wis bola-bali dikandhani dening Ibune kon goleki kostan neng ya tetep bae nyantai banget jare alasane males. Ora maido sing jenenge wongtuwa ya mesthi khawatir yen anake mengko terlantar ora oleh panggonan kamangka bocah wadon sisan, ora mung iku ana ing Semarang ya lagi bae sawetara ora dhuwe sanak sadulur sing kenal sisan.

Dina jumat Ima, Nita lan Dewi padha mangkat boyongan ana ing kostan anyare. Kaya dene wong boyongan tenanan sing omah padha nggawani werna-werna. Ibune padha nganterake karo arep masrahake marang Ibu koste kang selaku dadi wongtuwa sementarane ana ing Semarang.

*****

Pancen dasar bocah pethakilan, lagi seminggu bae kuliyah ning Semarang wis klayabane ning endi-endi. Jarene yen ditakoni kancane monine ben ora ketinggalan karo cah-cah sing uripe ing kutha. Kaya ibarat manuk iku metu saka kandhange wis bebas tenan ora ana sing ngawasi. Olehe kuliyah saben dina ya mung angger mangkat sing penting presensi. Nanging yen jeng-jeng mesthi nomer siji apa maneh yen ana sing ngejak dolan wis pokokmen tanpa basa-basi langsung mangkat.

Suwene saksemester ana Unnes Ima lan Dewi iwis mulai yang-yangan, bedha karo Nita sing esih tetep setia karo cowok’e sing ana ing omah senajan adoh lan jarang ketemu. Ima lan Nita iki bareng wis dhuwe pacar pegaweane saben dina mung yang-yangan, kuliyah ya jarang mlebu alesane werna-werna yen ketumbuk ditakoni kanca sakkelase. Ora maido bocah desa kuliyah ning kutha ndilalah pacare Ima lan Nita iki gawanane mobil, sapa sing ora seneng yen dhuwe pacar wong sugih.

Ora let suwe ndilalah Nita pedhot hubungane karo cowok’e sing ning desa. Miturut kandhane Nita jare dheweke ditinggalke tanpa permisi amarga cowok’e wis nikah karo wadon liya.

“Pimen Nit jare koen wis bubaran ya karo si Widhi?” pitakone Dewi marang Nita sinambi nggoncaki.

“Hee iya Wi, nyong lara ati”. Jawabe Nita rai’ne merkabak abang meh netes eluhe.

“Mulane koen kye dikandhani nyong ora tau ngandel sih, kon golet ning kene malah ngurusi wong sing ora genah”. Sentake Ima marang Nita.

“Ora kaya kuwe Ma nyong kye wis terlanjur saying karo Mas Widhi”.

“Lah saying-sayang nyatane nyakiti awake koen ya padha bae jenenge ora bener-bener cinta karo koen”. Tuture Dewi bukane padha ngadem-ngademi malah padha maido kabeh amarga sakjane Ima lan Dewi iku ora seneng yen Nita pacaran karo Widhi.

“Wis lah Nit saiki goleki sing perek bae ning kene kan kena nganggo antar-jemput yen dhewek ky lagi butuh, Ya ora Ma?”

“Ya bener Wi, kaya dhewek yah?”

Bareng wis putus karo Widhi saiki Nita mulai mbuka atine maneh kanggo wong liya amarga Ima lan Dewi ya wis padha dhuwe gandhengan dhewe-dhewe. Ora ngira jebule meneng-meneng Nita lagi perek karo Danu bocah jurusan Tehnik Informatika. Bareng Danu dolan ning kostan eh ndilalah gawanane ya mobil. Pancen Ima, Dewi lan Nita iki begja-begjane bocah desa sing pethakilan, senajan saka desa nanging olehe sing rada mewah sithik.

*****

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More