Panjalukku

Wus dakjaluk marang sliramu

Tatkalane wektu isih bebarengan
Nanging panjalukku
Kaya prenjak kang kabedhil swiwine
Ilang unine

Sliramu uga isih lumaku ing gisik
Ngambali pitakon lan panjalukku
Kanthi unthuk-unthuk kang sirna
Tatkalane surya mencorong
Pratanda dina wus rina

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More