Gara-gara HP


Adegan 1 (ing gerbang sekolah)

Tanto lan Janto lagi lungguhan ing ngarep sekolahan sakwise bubar sekolah.
Tanto         : (nilpun bapake) “Pak mengko sida dipethuk jam sepuluh ta? Kudu bisa lho, Pak! Nek kepepet Bapak ora bisa methuk mesthine ya digolekke wong liya sing gelem methuk aku. apa kang Ranto wae pak?”
Janto          :  “Tan, Tan kowe ki pancen sugih tenan, ya. Omahmu mung keletan pirang-pirang omah karo sawahe Pakdhe Rejo wae ndadak njaluk dipethuk bapakmu. Gek kowe kok ora basa to, apa kowe lali piwelinge Bu Darsi menawa awake dhewe kudu ngurmati wong tuwa, yen matur ya nganggo basa krama ngono?”
Tanto         : ”Jan, kowe ki ndhesit tenan. Wong jaman kaya ngene kok kowe rak maju-maju. Aku sakulawarga padha nyekel HP kabeh. Jare ibuku nggawa lan nggunakake HP kareben diarani wong maju, nadyan aku dhewe ya ora mudheng, sing penting nduwe.”
Janto          : “Ah, nek aku pilih mulih ngepit utawa mlaku bareng kanca-kanca. Bisa mampir-mampir. Apa kowe ora gelem ngulukke layangan neng lapangan karo Pardi?”
Tanto         : “Ora we, kowe mranaa dhewe. Kowe ki ncen ndesa tenan kok, Jan.”
Janto banjur bali dhewekan kepara Tanto ora gelem diajak mulih. Tanto isih nunggu jemputane karo mejet-mejet HP nganti ana sedan nyedak panggonane Tanto sing jebul dudu bapake nanging culik.
Culik         : “Tan, kowe sida mulih ora?”
Tanto         : (mlebu lan lungguh mburi sopir tanpa ndeleng kiwa tengene lan tangane asyik mejet-mejet HP) ”Pak ora usah mulih sek mbok dolan menyang mall, mumpung isih yahmene.”
Tanto         : (Sinambi asyik ngrungokake musik saka HP nganti suwe ora oleh wangsulan saka culik,Tanto banjur nesu) “Pak, jan-jane ki bapak isih krungu apa budheg, ta!”
Culik         : “Wo, dhasar bocah edan, ora kena dipenakke. Kowe ki bocah sekolah thik omonganmu kaya begal alas. Bukaken kupingmu lan lekna mripatmu, aku iki sapa. Aku dudu bapakmu nanging aku dikongkon karo juraganku supaya nyekel kowe lan bakal ndadekake Sandra.”
Tanto         : “Sandra, Sandra ki apa? Lha apa salahku? Kok sing methuk dudu bapak? Lha bapak menyang ngendi?”
Culik         : “Ah, kuwi kabeh dudu urusanmu. Sing baku saiki kowe melu aku lan ora bisa mulih meneh kejaba bapakmu menehi dhuwit rong milyar kanggo tebusane.”
Adegan 2 (Ing Omahe Bapake Tanto)
Ing omah, bapak lan ibune Tanto bingung.
Ibu             : “Pak piye ta, mau apa ora mbok takokke dhisik karo sing njaga sekolahan apa gurune sing durung kondur?”
Bapak        : “Wis kabeh kok, Bu. Aku mau malah mampir nggone Sindhu kancane tunggal sakbangku, sapa ngerti nggarap PR bareng. Terus aku uga mampir menyang omahe Wulan, wetan kono, nanging ora ana sing weruh lungane Tanto. Aku ki ya bingung Bu, gek HPne ya mati ngono. Apa ora ana sinyal apa pancen dipateni ya?”
Ibu             : “Mboh, Pak. Sing baku saiki lapor polisi.”
Durung nganti lapor polisi, Tanti, mbakyune Tanto mlayu-mlayu ngundang bapake.
Tanti          : “Pak, pak niki telpon saking tiyang edan. Bapak diaturi kangge mbayar tebusane Tanto, kalih milyar, gek artane sinten?”
Bapak        : (Njawab telpon) ”Njenengan sinten kok wani mlayokke anake wong gek njaluk tebusan sakmono akehe. Apa aku iki pabrik dhuwit. Gek napa salah kula wong kula mboten nate pitepangan kalih njenengan. Bares mawon njenengan kengkengane Ramelan juragane mebel lor desa ta, nggih mboten. Mpun persaja mawon kalih kula nanging perkara niki mboten cukup dugi semanten. Kula tetep ajeng nglaporke tumindak njenengan lan sing ngengken teng polisi.”
Bapake Tanto banjur nelpon polisi.
Bapak        : “Mas, iki aku butuh pambiyantumu. Anakku ragil, Tanto, diplayokke wong kongkongane Ramelan lan tebusane nganti rong milyar, apa rak mumet sirahku saiki.”
Polisi         : “Wah, niki perkawis kriminal nadyan sakderenge mbok menawi namung masalah saingan bisnis. Sampun ngeten kemawon mas, mangkeh kula ingkang ngurus. Menika sampun  dados tanggel jawab kula, mas Nardi sakulawarga sabar kemawon lan mbantu donga supados Tanto enggal wangsul kanthi slamet.”
Jam 1 bengi Tanto wis ditemokake dening Polisi banjur ketemu wong tuwane.
Tanto         : “Ibu, ibu kula ajrih sanget.”
Polisi         : “Bapak ibu sekalian sakniki Tanto sampun wangsul lan mboten usah ngangge prabeya napa-napa. Pak Ramelan ugi sampun sadhar menawi wonten pedamelan, wonten bisnis kedahipun ngangge lampah ingkang leres, mboten licik lan julig. Namung kula meling menawi lare alit kados Tanto mboten usah ngangge HP menapa malih sekolahipun mboten tebih saking griya. Tinimbang kangge numbasaken HP langkung prayogi menawi kangge celengan sekolah. Sakmenika rak ragad sekolah boten sekedhik.”
Ibu             : “Nggih, nggih pak, maturnuwun sanget panjenengan sampun ngeteraken Tanto kanthi wilujeng lan sampun maringi pemut dating kula sakulawarga.”
Ibu             : “Lho, le saiki mirengna, menawa bapak karo ibu ora marengake kowe nganggo HP ora ateges ora sayang maneh nanging kanggo keslametanmu dhewe. Muga-muga iki dadi pelajaran kanggo kowe sakteruse.”


Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More