Prabu Bogadenta kadadeyan saka ari-arine Kurawa

 

Prabu Bogadenta iku ing Mahabharata sinebut uga Bogadatta. Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, Bogadenta iku kawujudan saka embing-embing utawa ari-arine Kurawa.Ing lakon Timbangan utawa Trajon dicritakake Bogadenta kontal amarga daya kasektene Bima. Nalika iku Bogadenta nganti tiba ing tlatah Krajan Turilaya lan wusana kasil nguwasani krajan iku lan jumeneng nata.

Dene pungkasan uripe Bogadenta ana ing palagan perang Baratayuda. Nalika iku Bogadenta sing mehak Kurawa gugur ketaman panah Pasopatine Arjuna. Matine Bogadenta kedadeyan ing babak kapindho perang Baratayuda utawa babak Tawur.

Amarga dumadi saka ari-arine Kurawa, Bogadenta kondhang minangka anake Drestarastra kang ora liya bapakne para Kurawa. Ing Mahabharata Bogadenta iku anake Drestarastra lan Dewi Gendari. Sawise jumeneng nata ing krajan Turilaya, Bogadenta tetap ngrumangsani minangka perangane kulawarga Kurawa. Nalika pecah perang Baratayuda, Bogadenta nemoni Prabu Duryudana, minangka kakange. Tumekane Bogadenta ing Astina mbeneri gugure Bisma, saengga Bogadenta banjur sinengkakake minangka senapati perang wadyabala Kurawa, diampingi adhine, Kertipeya.

Nalika Kurawa ngangkat Bogadenta minangka senapati ing perang Baratayuda, Pandhawa netepake Arjuna minangka senapati. Arjuna kudu ngadhepi panempuhe Bogadenta sakwadyabalane. Arjuna dhewe minangka senapati wadyabala Pandhawa diampingi dening Arya Sena. Ing paprangan Baratayuda iku Bogadenta numpak gajah Murdaningkung diampingi srati Dewi Murdaningsih. Bogadenta sing numpak gajah mbarang ngamuk ing satengahing wadyabala Pandhawa. Akeh prajurit Pandhawa nemahi pati amarga pangamuke Bogadenta.

Meruhi kahanan mangkono iku, Arya Werkudara muntab lan banjur maju ing pabaratan. Tangane Werkudara sing nggegem gada Rujakpolo mobat-mabit ngiwa nengen lan maju mundur. Wusana atusan prajurit Kurawa nemahi pati, ajur ketiban gadane Werkudara. Malah gajah Murdaningkung lan sratine Dewi Murdaningsih uga mati ketiban gada Rujakpolo.Nalika gajah Murdaningkung mati amarga ketiban gada Rujakpolo, Bogadenta kontal lan tiba kebanting ing lemah. Saknalika Bogadenta sing tiba kelaran iku banjur menyat sedya males marang Werkudara sing mateni gajah lan sratine.

Ananging nembe wae Bogadenta menyat arep ngadeg, dumadakan gulune ketaman panah Pasopati saka gendhewane Arjuna. Wusana Boganeta tiba ngrungkebi bumi Kurusetra, gulune pedhot katembus panah Pasopati.

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More